ONGKOS SEWA KAMAR TERMURAH

Wonokariun ngejak gendakane, jenenge Mbok
Cempluk, perikso nang dokter Bunali.
“Opoko sampeyan iku mbah, wong awake ketok
tahes kok athik perikso.” takok
dokter Bunali.
“Ngene lho dok, umurku iki wis 80 lha bojoku iki
wis kewut pisan umure 75.
Aku pingin takok opo sik oleh tah aku ambek
bojoku iki main koyok manten
anyar ?” takok Wonokairun ambek isin-isin.
“Lho lek sampeyan gak onok penyakit yo aman-
aman ae. ” jare doktere.
“Wah tepak lek ngono, cumak cik tambah
mantep, tulung aku ambek bojoku
diperikso. Lha terus mumpung ndhik kene, aku
tak main ambek bojoku nang
kamar praktek sampeyan. Tulung dipantau mbok
menowo onok opo-opo.” Jare
Wonokairun.
Batine Bunali, sak umur-umur lagek iki ono
pasien njaluk sing aneh koyok
ngene. Tapi wong jenenge dokter akhire
panjaluke Wonokairun dituruti, mari
jantunge diperikso, wong loro iku main tutupan
layar. Lha Bunali ngenteni
jogo-jogo lek misale wong loro iku gak kuat terus
jantungen.
Mari oleh rong ronde, Wonokairun ambek Mbok
Cempluk metu ngguya-ngguyu.
“Yok opo dok, aman ae tah?” takok Wonokairun.
Ambek Bunali jantunge wong loro iku diperikso
maneh, tibake pancene sik
kuat. “Wis mbah, sampeyan sehat wal afiat. Ojok
khawatir.”
“Suwun dok. Piro ongkose ?” takok Wonokairun.
“Sepuluh ewu ae, wong sampeyan iku asline
sehat.” Jare Bunali.
Mari ngono arek loro iku pamitan mulih.
Seminggu maneh, wong loro iku teko maneh
nang dokter Bunali. Persis koyok
seminggu kepungkur, njaluk diperikso jantunge,
mari ngono njaluk dipantau
pas main.
Bunali yo nuruti ae wong pancen tugase
sebagai dokter.
Mari oleh rong ronde, Wonokairun ambek Mbok
Cempluk metu ngguya-ngguyu.
“Yok opo dok, aman ae tah?” takok Wonokairun.
Ambek Bunali jantunge wong loro iku diperikso
maneh, tibake pancene sik
kuat. “Lak wis tak kandani, sampeyan sehat wal
afiat. Ojok khawatir.”
“Suwun dok. Piro ongkose ?” takok Wonokairun.
“Sepuluh ewu ae, wong sampeyan iku asline
sehat.” Jare Bunali.
Mari ngono arek loro iku pamitan mulih.
Seminggu maneh, wong loro iku teko maneh
nang dokter Bunali. Persis koyok
seminggu kepungkur, njaluk diperikso jantunge,
mari ngono njaluk dipantau pas main.
Bunali wis mulai ngersulo, tapi yo sik dituruti.
Mari oleh rong ronde, Wonokairun ambek Mbok
Cempluk metu ngguya-ngguyu.
“Yok opo dok, aman ae tah?” takok Wonokairun.
Ambek Bunali jantunge wong loro iku diperikso
maneh, tibake pancene sik
kuat. “Koyok minggu wingi, sampeyan sehat wal
afiat. Ojok khawatir.”
“Suwun dok. Piro ongkose ?” takok Wonokairun.
“Sik tah mbah, aku katene takok. Sampeyan lak
wis tak kandani lek sampeyan iku sehat, laopo
bolak-balik teko rene ngongkon aku mentelengi
sampeyan main. Masio elek, aku iki dokter rek !!,
dhudhuk wasit smack down.” Bunali mulai purik.
“Ngene lho dok, aku iki wis muteri sak Suroboyo,
Mbenjeng, Balungbendo, Ndhiwek sampek
Peterongan. Gak onok sewa kamar sing ngisore
sepuluh ewu .”

1 Komentar (+add yours?)

  1. edi subagio
    Agu 24, 2011 @ 12:14:24

    Lucu banget

    Balas

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

%d blogger menyukai ini: