MUKINIR TUKU GORENGAN

Mukinir : “Yu, aku tuku gorengane.. ..”

Sumirah : “Sing endi, kang?”

Mukinir : “Lho…. Onok pirang macem, Yu?”

Sumirah : “Sing iki pisang goreng rong ewu telu, Mendoan rong ewu papat, Tahu goreng rong ewu lima, kang! Sampean arep tuku sing endi Kang.?”

Mukinir : “Walah… Gorengan wis kadaluwarsa kabeh iku yuk, kok sik didol ae..”

Sumirah : “Èh…. , sampean nek ngomong sing enak po… Jajal deloken dhisik, sik anyar iki nembe tak entas teko wajan kok ngomong kadaluwarsa? Sampean ojok ngawur loh ngomonge.”

Mukinir : “Lho…, lah sampean dewe tah sing omong mau, pisang goreng 2003, mendoan 2004, tahu goreng 2005…. Lha sak iki wis taun 2017 Yu… Opo ga wis kedaluwarsa iku ??!!”

Sumirah : “Walah,…. Jan kakean omong. Cangkemmu tak goreng sisan engko tak dol rong ewu pitulas…!!”

Tinggalkan komentar